Cara Gampang Masak Nasi Goreng
Nasi goreng iku salah siji panganan kang gampang digawe lan disenengi akeh wong. Rasane gurih lan bisa dikreasikna manut selera. Ing ngisor iki cara gampang kanggo masak nasi goreng ing omah. Bahan-bahan: 1 piring nasi putih 2 siung bawang putih (iris alus) 3 bawang merah (iris alus) 5 cabai utawa sesuai selera (iris alus) 1 butir endhog 1 sendok kecap manis Sayuran (kaya kol utawa sawi) Garam lan micin Minyak goreng Cara masak: Panasi wajan lan lebokna minyak goreng secukupe. Tumis irisan bawang putih, bawang merah lan cabai nganti ambune wangi. Lebokna endhog, aduk nganti mateng. Tambahna sayuran lan aduk nganti empuk. Lebokna nasi putih, banjur aduk rata. Tambahna kecap manis, garam, lan micin. Aduk nganti kabeh bahan kecampur rata lan mateng. Sajekna ing piring lan siap dipangan. Bisa ditambahi krupuk, utawa timun miturut selera. Tips: Nasi goreng sing enak biasane nganggo nasi adem, bisa juga nganggo nasi luwihan wingi. Masak nasi goreng iku gampang lan bisa digawe kapan wae....